Assalamualaikum

haloo … iki aku, . Aku laer neng Yojo .. tepate mbantul rodo wetan sisih bagian lor. Cilikanku neng kono ketuk umur 12 tahun utowo nganti kelas enem sd. Konco akeh neng kono, mergane ket laer aq di-mong ro mbahku. Ambok o dudu mbahku tenanan, neng wes dianggep mbah dewe karo keluargaku. Dadi aku malah ra tau dolan nang omah. konco-konco gaul ku yo konco neng nggone mbahku kui mau. Karo cah-cah ngglidik tenan, seko adus kali, nekeran, samberan, terus gambaran, nganti dolanan video game nitendo. hehe. dasar e seko laer e neng kono, dadi aku yo kerasan.

Wes lulus SD aku njut neruske sekolah neng kutho. Dadi aku gelem ra gelem baline mesti neng omah kidul (aku nyebut e ngunu, nek omah lor ki omah e mbahku). Soyo sue soyo ra tau dolan neng nggone mbahku omah lor. nganti lulus smp we aku wes keno dietung nek dolan ngalor. Yo ngerti dewe to, sekolah neng kutho ki marai kesel, baline sore terus, mbengi ne kudu sinau boso londo, nek ora iso ndak dikon push up ro gurune (pak Agus). Sinau terus malah ra ono kasil e … mlebu sma aku bali meneh sekolah neng ndeso, cedak omah, neng malah rodo seneng aku.

mlebu sma aku koyo bali jaman mbingek meneh. Koyo pas SD, sekolah e mlaku. Eh ra dink, malah koyo TK ketok e. Nyok-nyok mlaku nyok-nyok diterke. Jaman-jaman sma, jare wong2 seng jaman e cah nom. neng aku yo ra ketok-ketok ngglidik banget ki. biasa ae, seneng dolanan gitar nganti due band karo konco-konco omah kidul seng garapan e mung padi terus. Koq yo ra bosen2 yo aku mbiyen. :D . ah mbuh lah .. seng penting kabeh melu seneng.. hehe

lha njut bar lulus sma ki aku malah bingung arep kuliah nang ndi. pas bar UM UGM neng SaDhar aku entuk brosur. Tak woco jenenge akprind. ketok e wes tau reti, kampus e sopo yo kui. OOooalah, kampus e mas wahyu, gitaris e Banaspati seng aku les neng kunu. Yo wes, selak ora komanan terus aku ndaftar wae neng kampus kui. Oalahhh… yo cen bejaku, Cen saiki aku wes lulus seko kampus kui. Terus saiki aq lagi mrantau metu seko yojo…

oiyo no seng lali  … aku yo duwe blog siji ne meneh, woco wae neng kene … ok , matur nuwun .

Wassalam

Post a Comment

*
*